KULTUM BAHASA JAWA
Assalamu’alaikum
wr.wb
Alhamdulillah, mangga sami tansah memuji syukur dumateng
ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, rizki, rahmat ugi
hidayah, arupi kesehatan, iman saha Islam.
Shalawat saha
salam, katunjuk dumateng panutan kita Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun kautus
dening Allah supados nuntun umat manungsa dateng margi ingkang leres.
Mugi rahmat
saha salam, kaparingna dateng keluarga Nabi Muhammad SAW, poro sahabat, tabiin
– tabi’ut-tabiin, sedaya umat muslim khususan ingkang kerso netepi ugi njagi
sunah2ipun Rasulullah SAW. Insya Allah, mugi kalebet kula panjenengan sedaya.
Kanca-kanca
ingkang dirahmati Allah
Teng mriki kula
bade nyampeaken sakedik kultum babagan Keutamaan Sedekah.
Bersedekah yaiku salah satunggaling sunnah Rasul. Sedekah meski
sakedik nanging ageng manfaate kangge Allah SWT. Tiyang ingkang bakhil lan
kikir ingkang mboten nyedekahaken sebagian hartane bakal angsal kerugian wonten
ing kehidupan teng dunia maupun teng akhirat. Sejatine tiyang ingkang
bersedekah yaiku kangge kepentingane piyambak-piyambak. Nginfaaken utawi
mbelanjaaken harta kedah angsal berkah, lan sebalike menawi nahan harta bakal
celaka.
Wonten ing Al
Quran Surat QS.Al-Hadid:18Alloh berfirman Ingkang artosipun:“Sesungguhnya
tiyang-tiyang ingkang bersedekah jaler maupun estri lan minjamaken marang Allah
pinjaman ingkang sae, niscaya badhe dilipat gandaaken (pembayaranipun dening
Allah) marang sedaya menika, lan kangge mereka pahala ingkang katah.”
Sedekah gadah
katah keutamaan kaliyan nilai ingkang ageng ing pandanganipun Allah SWT lan
Rasul-Nya. Diantaranipun yaiku:
1.
Saged ngindaraken saking api neraka meskipun
amung sakedik ingkang saged dipun sedekahaken, sanes kikir nanging amargi
mboten saged sedekah wonten ing jumlah katah, bahkan yen mboten gadeh
menapa-menapa saged nglakuaken kaliyan sanjang ingkang sae.
2.
Angsal pahala ingkang ageng, amargi pahala
salah sawijining amal ingkang sae sering dilipatgandaaken, bahkan menawi
sedekahe wonting ing bentuk wakaf, maka pahalanipun saged teras ngalir walopun
pelakune sampun wafat. Rasulullah SAW bersabda : “Menawi lare adam wafat,
putuslah amalipun keculi tigang hal, yaiku sedekah jariyah, ilmuingkang
dipunmanfaataken lan lare shaleh ingkang mendoakannya (HR.Muslim)
3.
Saged ndatangaken rizki kangge balasan langsung
saking Allah SWT, atas sedekah ingkang sampun dikeuaraken. Menawi kita memberi
saking menapa ingkang kita gadeh, Allah bakal ngembaliaken lewih katah malih,
Allah njanjiaken balasan 10 kali lipat kangge tiyang kang berbuat baik.
4.
Sedekah dados naungan kangge ingkang nglakuaken
wonten ing dinten kiamat, sahengga kebaikan kang dilaksanaaken wonten ing
kehidupan dunia meniki dados penlong kangge deweke teng akherat. Rasulullah SAW
bersabda : “naungan kangge tiyang mu’min teng dinten kiamat yaiku sedekahe”
(HR.Baihaki)
Rasulullah
ngajaraken kita kangge bersedekah, tetulung marang sesama supaya Allah
mencukupi kita sedoyo. Kados niku ajaran Rasulullah SAW, menawi sedekah wonten
islam dados benteng saking bala lan musibah, sedekah dados kangge tiyag sakit,
lan sedekah ndadosaken panjang umur ugi penahan saking kematian kang buruk.
Saking
pengertian lan penjelasan punika, kita saged mahami menawi sedaya tiyang muslim
harus bersedekah lan mboten wonten alasan kangge mboten bersedekah amargi hal
menika saged dipunlakuaken kangge segala bentu kebaikan, mboten amung kalih
harta kemawon.
Mudah-mudahan Allah senantiasa mudahaen kita
kangge bersedekan, ngringanaken langkah kangge bersedekah, lan ndamel balasan
Allah mboten terhalang sebab dosa lan kesalahan kita.
Kaca-kanca ingkang dirahmati Allah
Cekat semanten kultum saking kula sumangga kita
saged pikatuk manfaat saking kultum kasebut, mbok pilih katah
klenta-klentunipun menika kula nyampeaken, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaukum wr.wb.
Mantap,mugi2 saged migunani tumprat kito sedoyo.
BalasHapusTerimakasih
BalasHapusSemoga bermanfaat.
HapusAMINNNNNNNNNNNN,.........................
Hapus